Monday, April 13, 2009

X-code

Kali Code kang sumberé saka sikilé Gunung Merapi iki minangka salah siji kali kang duwé makna wigati tumrap para pedunung ing Propinsi Dhaérah Istiméwa Yogyakarta khususé dhaérah kang diliwati déning kali niki. Kanthi banyu kang asalé saka sawijining gunung kang isih aktif ing donya, banyuné dimanfaataké kanggo pangairan sawah ing Sleman , Bantul lan dipigunakaké minangka bahan baku banyu ngombé.

Kali kang mbelah kutha Yogyakarta dadi loro iki sacara historis didadèkaké dhasar kanggo ngadegé Karajaan Mataram ing Yogyakarta.

Amarga kali iki sumberé saka gunung geni kang isih aktif, kali iki kerep ngalami banjir lahar, utawa banjir kang diakibataké saka guguré utawa kèliné lahar adhem saka kawah Gunung Merapi, kang kèli déning udan. Kanggo ngantisipasi tekaning banjir lahar mau, pamaréntah kutha wis nggawé talud ing sadawaning pinggiran kali Code kang dumunung ana ing wewengkon Kutha Yogyakarta, lan kala-kala nganakaké pangerukan dhasar kali Code nganggo excavator. Ing pinggiré kali Code ana wangunan pamukiman kang dirancang déning budayawan YB Mangunwijaya, kang diarani Kampung Code. Kampung Code iki wis ngrengkuh pahargyan Aga Khan Award ing babagan arsitèktur.

sumber: copy-paste from wikipedia.

notes: bangunan putih di pojok kanan itu ... tempatku "pernah"

foto: kali code, Jogyakarta.

2 comments:

Om Ibel said...

tempatku "pernah", juga.

lena said...

hehe.. sama ya kita om... btw ada lagi yang merasa "pernah" kah? yuk join club "pernah"

:D